PUSSSS…pussss…pussss…meoooongggg. Mekaten kira-kira menawi panjenengan ngundang kucing ingkang dumugi liwat.
Lha mboten kucing kemawon ingkang nduweni undang-undangan khusus. Ing budaya Jawi wonten pirang-pirang kewan ingkang nduweni undangan utawi panggilan khusus.
Punika daftaripun:
Asu = jih, jih, jih
Banyak = kati, kati, kati
Bebek = ri, ri, ri
Dara = tu, tu, tu
Jaran = ki, ki, ki
Kucing = pus, pus, pus
Menthog = thi, thi, thi
Pitik = kur, kur, kur
Wedhus = mi, mi, mi
Weeeiiittt…kae wonten wedhus lagi oyak-oyakan karo jaran je. Ayo gek ndhang padha diceluk…….!
Mi, ki, mi, ki. Hihihi…