ING kesempatan punika, kula badhe nyerat maleh ngagem basa Jawi. Sakmenika bakal nyerat babagan cangkriman ingkang sumberipun kula pendhet saking buku Sarining Basa karangan Drs.Sutrisno Wibowo lan sak rencang, penerbitipun S.A Dhaksinarga. Sumonggo kita waos sesarengan.
Cangkriman yaiku rumpakan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek maksude. Cangkriman iku ana kang ngarani badhean utawi bedhekan. Mungguh pangrakiting cangkriman ana kang migunakake purwakanti supaya katon bregas. Cangkriman saged kabedak-bedakake dados patang warno, kayata:
Cangkriman kang awujud tembung wantahan.
Tuladhanipun:
Segara mbeldhes = Sega pera, sambel pedhes
Burnas kopen = Bubur panas kokopen
Pakbomba, paklawa, pakpiut = Tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut
Ongko kaleh nggih punika cangkriman kang ngemu surasa irib-iriban.
Tuladha:
Sega sakepel dirubung tinggi = Salak
Emboke dielus-elus, anake diidak-idak = Andha
Pitik walik saba kebon = Nanas
Kaping telu cangkriman kang ngemu surasa blenderan.
Tuladhanipun:
We lha, ora idehep isin, cah gedhe kok ngguyu tuwa. Ngguyu tuwa karepe nangis.
Wah wingi pasar ana geger-gegeran, wong adol pitik padha disrimpungi, wong adol krambil dikepruki, wong adol tempe diwudani, wong adol mbako diambungi.
Pungkasan yaiku cangkriman kang sinawung tembang.
Tuladhanipun wonten ing tembang Pucung punika:
Bapak pucung dudu watu dudu gunung,
sangkane ing sabrang,
ngon-ingone Sang Bupati,
yen lumampah si pucung lambeyan grana.
Bapak pucung dudu mega dudu mendhung,
Dawa kaya ula,
ancik-ancik wesi miring,
lunga teka si pucung ngumbar suwara.
Punika wau ulasan babagan cangkriman ingkang sampun kita waos sesarengan. Mugi-mugi migunani lan saged nambah wawasan kita sedaya.